“Ooooooiiii !”
“Ma … Ramaaaa, Rama wonten pundi !?”
“Ana apa ta Le bocah bagus, celak-celuk, bengak-bengok nggoleki Rama. Lha Rama ana ning duwurmu kok”
“Duwur pundi Rama ?”
“Rama ning wuwungan omah, ngresiki genteng karo mrenah-mrenahake men ora bocor nek udan”
“Mandap Ma, anakmu yang ragil ini mau bertanya sesuatu”
“Wis … aku wis mudun. Takon susune sapa, Le ?”
“Susune sapi ! Sesuatu Ma, sanes susune Rama !”
“He he he … bocah iki kok aneh-aneh wae. Esuk-esuk wis sregep takon. Takon susune … eh … sesuatu apa ta Le ?”
“Kala wingi niku Kang Petruk dereng rampung anggenipun njlentrehake perkawis Urip, Ma”
“Perkara Surip ? Lha Surip anake Lik Paijem kae kena apa ta Le ?”
“Uriiip Ma ? Mboten ngagem es”
“Lha nek ora ngganggo es, ya ora adem ta Le”
“Pun … ah … Rama niki esuk-esuk pun plesetan mawon”
“He he he … anakku Ragil nesu. Biasane kowe ta, sing seneng plesetan”
“Ning sakniki kula lagi ciyus Ma … lagi ciyus nih !”
“Hush … aja sok dolanan ingus, ora ilok Le !”
“Ciyus Ma … sanes ingus. Wah … Rama niku mboten gaul, dados mboten ngerti basane arek-arek sakniki”
“He he he … Jane ya Ramamu ngerti. Seneng aku nek ndelok lambene anakku ragil tambah ndomble. Dadi ketok semakin seksi gitu lho Le … he he he”
“Pun ah Ma … ampun meledek diri anakmu ini.”
“Ya … ya … ya … apa mau Le, kowe arep takon masalah URIP ?”
“Nggih Ma, Kang Petruk wingi, ngandakaken perkawis Nguripi Urip. Menapa tegesipun niku Ma ?”
“Wah … jero tenan omongane kakangmu kuwi Le.”
“Ning, Kang Petruk dereng njlentrehake Ma. Rama mawon nggih ?”
“Ya … ya … ya …. yen arep nguripi urip kuwi, kudu ngerti sejatine urip. Sejatine URIP kuwi, kudu gawe URUP”
“Halah … dadi tambah bingung kula Ma ?!”
(to be continued) — with Bagus Pujiono.
Filed under: Guyon Maton Pesbuk Tagged: guyon maton, panakawan, semar