“Ana apa Gong, ngageti aku bae”
“Lha kok kaget tho, lha wong jane nggih mboten mbengok kok kula. Napa taksih membayangkah sosok nDara Banowati tho nDara ?”
“Jene ya ora …… ora salah kowe Gong”
“Lha kok katik ngagem tembung ora salah, ora salah rak nggih leres tho nDara”
“Ya pancen iya”
“Menawi miturut rasa njenengan piyambak, nDara Banowati niku kados pundi tho nDara ?”
“Lha nek miturutmu kepriye ?”
“Lha nek kula nggih wong lanang lumrah, tamtu kemawon mastani menawi nDara Banowati niku nggih yektos wanodya ingkang sulistya ing warni”
“Berarti kowe ijek normal Gong”
“Lha inggih tho”
“Bisa mbok kandhakake kepriye kowe nggambarake Banowati kuwi, kaya dalang kae lho Gong yen pas janturan”
“Wah kula mboten bakat nDara, mboten saged”
“Halah … yen ndelok clemonganmu kae, ketoke kowe wis biasa yen nyusun ukara sing nyleneh ning pas lan guyokake. Ning kerepe rada nyrempet nyrempet”
“Langkung sae nyrempet tinimbang nabrak utawi to the point tho nDara”
“Yo wis karepmu … piye, bisa ora Gong, aku kepengin mirengake Banowati sing mbok janturake”
“Mboten duka mangke tho nDara menawi radi nyrempet nyrempet”
“Waton mung nyrempet bae Gong, lha aku ngerti yen kowe kuwi bocah sing apik kok, pastine ora neko neko”
“Nggih …. matur nuwun … ngaten nDara !”
Sorot mancur mencorong mijil saking putri winongwong,
nenggih Dèwi Banowati, musthikaning uwong,
nyata ayu akarya lamong,
akèh priya kang kepéngin mboyong,
dadi kembang lambé pating clemong,
akèh kang gandrung kloyong-kloyong,
lamun Sang Banowati liwat, para priya mung pating plenggong,
plompang-plompong,
ora kuwat ndulu bundering bokong.
Nyata tetungguling memanis,
Réma njanges semu wilis,
sinom lir ron pakis,
nanggal sepisan kang alis,
lathi abang lir manggis,
janggut nyathis,
pamulu hambenglé kéris,
yèn dandan ora uwis-uwis,
payudara lir bluluk kuning dèn-prenah mrih manis,
sinangga kemben dadya munjuk sawetawis,
mula ora susah dikepeti wis ésis.
Dedegé ora sangkuk,
asta lir gendhéwa tinekuk,
driji kaya saya minggah saya mucuk,
padharan ora mblendhuk,
ponang pocong nyenthing munjuk,
disawang saka mburi … cundhuk,
ngiringan …. mathuk,
ngarep …. methuthuk … nyempluk … mlenuk,
Bojo kaya Dèwi Banowati sewayah-wayah gathuk,
awan sayuk,
wengi njuk,
luwih-luwih yèn ta ‘bar adus ésuk.
Filed under: Rames semaR Tagged: arjuna, banuwati