“nDara Janaka, sakjane garwa njenengan niku wonten pinten seh ?”
“Eeeeem … pira ya Gong ?”
“Lha kok malah taken kula tho, lha wong duweke njenengan kok, mosok kula cawe cawe”
“Ora ngono Gong, Nek sing ning Madukoro kuwi yo mung Sumbodro. Srikandi uga kerep mrene. Liyane yo mung sak nyuk-an, utawa aku sing mrana nemoni garwa garwaku”
“Wah … istilahe njenengan niku lho nDara, sak nyuk-an .. Lha nek sak nyuk-an niku saget napa nDara ?”
“Ya bisa sak keplek rong keplek Gong”
“He he he … nDara niku istilahe jian aneh aneh wae. Sing di kepleke niku napa nDara ?”
“Wis … cah cilik ra usah mbahas !”
“Nggih pun. Tanglet sanesipun mawon nggih. Saking sedaya garwa njenengan niku, pundi sing saestu ditresnani tenan ?”
“Ya kabeh ditresnani to Gong”
“Sing saestu paling nDara !”
“Kabeh ya paling. Saiki aku takon karo kowe, ing antarane putra putrane Kakang Semar, endi sing paling ditresnani, Gareng, Petruk apa awakmu ?”
“Lha mboten ngertos no, kedahipun nggih Rama Semar sing njawab”
“Yen pitakon mau dijawab, mesti Ramamu bakal njawab : kabeh ya tak tresnani, ora ana sing paling tak benci utawa sing paling tak tresnani. Nek diprosentase, tresnane karo anak anakku ya satus persen kabeh, ra kurang ra luwih”
“Oooo ngaten nggih nDara, dados pitakenan kula salah nggih”
“Ya ora salah Gong, mung kurang pener wae”
“Ganti pitakonan mawon nDara, lha nek sing paling ayu, sing paling gemesake, sing paling ngangeni, utawi sing paling seksi sinten nDara ?”
“Lha kuwi rada angel jawabane Gong. Kudu dirasakake, ora mung saka dedeg piadeg, pasuryan, aluse kulit, lan sifat sifat fisik liyane, nanging sejatine yen miturut rasa pasti masing masing duwe ciri khas, masing masing duweni kelebihan lan uga kekurangan. Kabeh bisa dirasakake”
“Dirasakake niku dinapakake ta nDara. Dielus, diuwel uwel, dibukak, didulit napa didilat ?”
“Hush … mbok padakna panganan wae. He he he … mengko yen wis duwe garwa kowe mestine bakal ngrasakake’
“Oooo ngaten ta. Lha bek garwa sing rada aneh sinten nDara ?”
“Rada aneh piye ?”
“Ngiih asalipun, tumindake, napa dene rasane kados ingkang njenengan critakake wau”
“Wah pitakonanmu kok memojokan diriku terus to Gong. Men ora takon takon maneh, tak paringi wadi sethitik wae, gelem ?”
“Nggih purun no. Pasti asyik niki”
“Jenenge wadi kudu kepriye Gong !”
“Disimpen nDara !”
“Ora kena di buuuu ….. “
“Kaaak ….. !”
“Siip. Mengkene Gong. Kowe ngerti Jimambang ?”
“Ingkang pundi nggih nDara, kula dereng nate pinanggih kaliyan panjenenganipun”
“Jimambang kuwi salah siji saka garwaku. Dheweke yaiku putri tunggal saka Begawan Wilawuk, naga bersayap sing dadi pandita ing pertapaan Pringcendani. Begawan Wilawuk yekti sakti mandraguna. Aku dikalahake nalika Pandawa mbuka alas Mertani. Saka maratuwaku kuwi, aku uga diparingi minyak jayengkaton sing kasiate bisa ndelok sing ora ketok awujud bangsa siluman.”
“Istimewanipun wonten pundi nDara Jimambang niku”
“Garwaku siji kae, pawakane cilik sanadyan putra saka Begawan Wilawuk sing gedhe duwur. Jalaran ramane ana keturunan bangsa ula, nurun ning putrane Jimambang”
“Kulite sisik sisik kados ula nDara ?”
“Ora Gong, kulite Jimambang kae jian alus tenan. Sing kaya ula kuwi nek pas aku dipiting, walah manteb tenan, angel luwar. Kadang aku nganti menggeh menggeh. Ning ya dadi asyik”
“Maksudipun kados pundi ta nDara ?”
Filed under: Rames semaR Tagged: arjuna, jimambang